Bahasa Indonesia
高校生

rangkuman materi berikut secara singkat

Wulangan 1 Ajining Dhiri Gumantung Lathi Ancas Piwulangan Setelah mempelajari materi ini, siswa diharap mampu: 1. mengevaluasi berbagai gagasan dan pandangan berdasarkan kaidah logika berpikir dari menyimak berbagai jenis teks dalam bentuk monolog; dialog dan 2. menyajikan gagasan, pikiran, dan kreativitas dalam berbahasa daerah (Jawa dan Madura) dalam bentuk monolog, dialog, dan gelar wicara sesuai unggah-ungguh basa secara logis, sistematis, kritis, dan kreatif. Peta Konsep Ajining Dhiri Gumantung Lathi Materi Digital Pindal QR Code kanggo maca materi digital. Nyinau babagan Nyalini Teks Unggah-ungguh Mangerteni Pacelathon Pacelathon Dadi Wujud Narasi sajroning Pacelathon Nulis Pacelathon Ngandharake Isine Sandiwara Purwaka Sajroning kauripan saben dina mesthi bae awake dhewe srawung karo wong liya klebu kanca ing sekolah lan ing masarakat. Sajroning pasrawungan awake dhewe nindakake kagiyatan micara utawa paguneman karo wong liya. Anggone guneman karo wong liya iku mau beda nut karo kahanan lan pawongan kang diadhepi. Surasaning guneman uga beda-beda kajumbuhake karo kahanan kang lagi dadi underaning rembugan. Sanadyan kaya mangkono, sarana sing digunakake padha yaiku. lumantar basa lesan. Sajroning pirembugan amrih gathuk iku migunakake basa lesan kanggo sarana komunikasi. Kagiyatan guneman UNGGAH UNGGUH PASRAWUNGAN kasebut sing diarani pacelathon kang migunakake sarana basa Sumber: www.opac.perpusnas.go.id lesan. Sajroning pacelathon kasebut ana babagan sing digatekake yaiku unggah-ungguh basa. Sajroning masarakat Jawa tansah ngugemi babagan unggah-ungguh basa nalika guneman karo pawongan sing diadhepi nalika guneman. Lantip Basa Jawa Kelas XII-1 CS Dinindai dengan CamScanner
tip Basa Jawa Kelas XII-1 Dipindal dengan CamScanner Unggah-ungguh basa minangka tata aturan babagan sopan santun tatakrama guneman gurul karo kanca kelas mesthi beda panganggone basa karo kang digunakake matur karo c anggone nggunakake basa kang dipatrapake dening masarakat Jawa. Upamane nalika g unggah-ungguh basa? Unggah-ungguh basa digunakake kanggo ngurmati lan ngajeni marang kaatur sajroning unggah-ungguh basa. Geneya sajroning paguneman becik migatekake babagan wong tuwa. Panganggone basa kang digunakake marang pawongan kang diadhepi kasebut unggah-ungguh bisa njalari pawongan kasebut kedudut atine lan migatekake babagan sing pawongan sing diajak guneman. Upamane awakmu guneman karo wong liya kanthi ngugem ajining kang kokandhakake. Babagan kasebut jumbuh karo unen-unen masarakat Jawa kang unine a becik lan tumata iku bisa gawe ajining dhiri pribadi kang nuduhake watak-wantu utama. Mula, ing dhiri gumantung ing lathi. Tegese unen-unen kasebut yaiku metune pangucap saka lathi k kalodhangan iki kababarake babagan unggah-ungguh kang digunakake sajroning pacelathon Gatekna andharan sajroning piwulangan kanggo njangkepi kawruhmu! Ringkesaning Wulangan A. Mangerteni Pacelathon Saben dina kita nindakake guneman minangka sarana kanggo komunikasi. Anggone guneman tansah dijumbuhake karo pawongan sing diadhepi. Ing ngisor dicawisake panganggone unggah-ungguh basa sajroning pacelathon. Wacanen kanthi permati! Tuladha 1 Pacelathon antarane kanca kang migunakake basa ngoko jalaran antarane penutur lan mitra tutur iku wis akrab, rumaket, lan kulina. Ratih: "Lina, awakmu wis ngerti yen sasi ngarep ana lomba beksan tradhisional ndhek kabupaten?" Lina "lya aku wis ngerti kabar kuwi. Lha nyapo takon aku?" Ratih "Awakmu rak pinter beksan tur wis kerep makili sekolah. Mbokmenawa arep melu lomba kuwi." Lina "Lha aku makili sekolah gak tau antuk juwara siji." Ratih: "Lho sing penting rak wis maju, gawe arume jeneng sekolah, duwe pengalaman anyar, lan pethuk kanca anyar. Perkara antuk juwara siji apa gak, kuwi urusan keri. Wong awakmu ya panggah antuk juwara nadyan juwara loro utawa telu." Lina "lya bener sing kokandhakake. Coba mengko aku dakmatur marang wali kelas. Kira-kira diidini gak ya melu lomba kuwi?" Ratih: "Genah wae oleh. Nyapo awakmu samar gak diidini sekolah. Aku yakin bakal diparingi idi palilah kanggo maju lomba." Tuladha 2 Pacelathon kang ditindakake dening anggota kulawarga, yaiku Anak, Bapak, lan Ibu. : "Ndhuk, apa awakmu gak ana acara dina Minggu iki?" Ibu Dita Ibu Dita Ibu "Mboten wonten, Bu. Tugas kelompok kula sampun rampung kula garap kalawing kalih kelompok." : "Ya sokur yen ngono. Mengko sabubar sarapan ngancani Ibu ndhek pasar, yal Ibu arep blanja kanggo masak suguhan arisan bapak-bapak mengko bengi : "Nggih, Bu. Bapak wonten pundi, Bu? Kula aturi dhahar sarapan, nggih? : "Ngono ya kena. Bapakmu ndhek kebon mburi omah mau." Dita : "Bapak mangga kula aturi dhahar sarapan rumiyin." Bapak : "Apa ibumu wis mari masak, Ndhuk? Ya sedhela tak reresik tangan lagi mrana. Dita : "Sampun, Pak." Ranak: "Masak apa iki. Bu?" cs Dipindai dengan CamScanner
Ibu "Lha iki masak jangan lodheh, Pak. Ibu ya gawe sambel trasi karo goreng wader lan tempe. Wis ayo dhahar sik!" Bapak : "Dita awakmu yen gak ana acara dina iki, ibumu direwangi masak gawe arisan bapak-bapak mengko bengi sing dianakake ndhek kene." Dita Ibu "Nggih, Pak. Ibu kalawau sampun ngendika." "Lha Bapak awan iki mengko sida tindak daleme Pak Lurah?" Bapak : "Genah sida, Bu. Arep takaturi rawuh sisan kanggo ngrembug gelaran wayang sasi ngarep kudu bisa dipesthekake mengko bengi." Tuladha 3 Pawongan kang lagi ngunandika iku migunakake basa ngoko. "Panas temen dina iki kayane ngombe es degan bisa gawe seger." Apa babagan sing bisa kojlentrehake tumrap telung tuladha pacelathon ing dhuwur? Babagan sing mbedakake antarane telung tuladha kasebut yaiku pangetrapan unggah- ungguh basa kang digunakake. Upamane Tuladha 1 nuduhake pacelathon antarane kanca kang wis rumaket lan kulina. Mula, sajroning pacelathon kasebut migunakake ngoko lugu. Beda maneh ing Tuladha 2 kang ing jerone migunakake basa ngoko lugu, ngoko alus, lan krama alus. Panganggone basa krama alus digunakake dening paraga Dita kanggo matur karo wong tuwane. Basa ngoko lugu digunakake dening wong tuwane ngendikan marang Dita lan paraga Bapak marang Ibu. Dene basa ngoko alus digunakake dening paraga Ibu marang Bapak. Kang mangkono nuduhake tuladha unggah-ungguh basa kang trep digunakake sajroning pacelathon. Tembung pacelathon iku asale saka tembung lingga celathu kang diwuwuhi ater-ater pa- lan panambang -en. Tembung lingga celathu tegese guneman utawa omongan. Pacelathon tegese omong-omongan utawa guneman antarane wong loro utawa luwih, kekarone bisa gentenan minangka penutur lan mitra tutur (ana sing omong lan nanggapi utawa ngrungokake). Sajroning pacelathon ana saweneh bab utawa prekara kang dirembug dadi wujud pacelathon menawa ana tumindak takon-tinakonan lan wangsul-winangsulan. Kanthi pacelathon kita bisa antuk informasi utawa pawarta saka wong liya. Nalika guneman karo wong liya ora kena sakepenake, nanging uga kudu migatekake babagan budi pakerti lan unggah-ungguhe. Supaya guneman bisa lumaku kanthi becik lan trep, ana saperangan babagan kang kudu dimangerteni. Mungguh andharan jangkepe kaya mangkene. 1. Budi Pakerti Wong kang Nindakake Pacelathon Nalika nindakake pacelathon becik migatekake babagan budi pakerti minangka wujud rasa urmat lan ngajeni marang pawongan sing diajak guneman. Budi pakerti kang dikarepake kaya mangkene.... a. Guneman ora waton guneman, nanging guneman kudu nganggo waton (aturan). b. Ngadege, lungguhe, obahe tangan uga becik nganggo waton. c. Swarane, banter lirihe becik nganggo waton. d. Polatane utawa pasuryan uga nganggo waton. Tuladhane, aja nganti mencereng- mencereng. e. Intonasine (lagune) uga nganggo waton, ora angger bengak-bengok. 2. Tata Krama Sajroning Pacelathon Sajroning paguneman antarane penutur lan mitra tutur becik migatekake babagan subasita lan tata krama. Andharan babagan tata krama sajroning pacelathon kaya mangkene. a. Munjerake kawigaten (fokus) marang wong sing diajak guneman. Nalika guneman karo wong liya, pandelenge kita madhep marang wong sing diajak guneman. b. Jaga perangan awak supaya tetep sopan. Kajaba ukarane sing trep karo unggah- ungguh, perangane awak uga kudu digatekake. Tuladhane ora ngomong sinambi tangane sedhakep ing ngarep dhadha utawa dilebokake sak. Nalika wong sing cs Dipindal dengan CamScann
8 ngajak guneman ngadeg, prayogane awake dhewe uga melu ngadeg. Menawa sing ngajak guneman bocah cilik, prayogane awake dhewe rada ndhingkluk. C. Ora nguwasani sajroning pacelathon. Nalika pacelathon, prayogane ora nguwasani sajroning pacelathon lan munggel gunemane wong sing diajak guneman. Babagan iki ora prayoga utawa ora sopan. d. Ora nggunakake tetembungan sing angel dimangerteni dening wong sing diajak guneman. B. Nyalini Teks Pacelathon dadi Wujud Narasi Sajroning teks pacelathon mujudake teks kang awujud pacelathon utawa guneman antarwong. Anggone nulis kanthi menehi katrangan jeneng paraga lan ukara langsung sing dadi surasaning paguneman kinanthenan tandha wacan titik loro sawise jeneng paraga. Teks pacelathon kang awujud ukara langsung kasebut bisa diowahi dadi wujud gancaran narasi. Carane yaiku kanthi ngowahi ukara langsung sajroning teks pacelathon dadi ukara ora langsung utawa ukara crita. Sing diarani wacan narasi yaiku gancaran kang surasane nyritakake kedadeyan kanthi urut saka wiwitan nganti pungkasaning crita. Titikan wacan narasi yaiku anane paraga, alur, lan latar kedadeyan kang urut adhedhasar urutan wektu (kronologis). Pinangka tuladha ing ngisor mujudake teks pacelathon kang samengko diowahi dadi wujud wacan narasi. Gatekna kanthi becik! Tami Sinta Tami Dipta Tami "Sinta awakmu wis krungu kabar yen bakal ana lomba antarkelas kanggo ngregengake pengetan ambal warsa sekolah?" : "Ya durung krungu aku. Kok awakmu bisa ngerti kabar kuwi saka ngendi?" "Aku mau krungu saka rembugane arek-arek kelas liya." : "Gek tenan apa gak? Aja nyebar pawarta sing durung bisa kopesthekake." : "Aku ya mung krungu ndhek kana mau. Coba wae mengko Bu Sulis mbokmenawa dina iki diumumke." Ora let suwe Bu Sulis minangka wali kelas mlebu lan paring pengumuman. Bu Sulis Siswa Bu Sulis Sinta Bu Sulis Bayu Bu Sulis Dipta Bu Sulis Dipta Bu Sulis Tami "Sugeng enjing para siswa." "Wilujeng enjing Bu." "Ibu arep maringi pengumuman rong minggu maneh ana acara pengetan ambal warsa sekolah. Kanggo ngregengake acara, sekolah nganakake sawatara lomba." "Lombanipun punapa kemawon, Bu?" "Lombane yaiku maca geguritan, nembang macapat, gawe poster, gawe video klip babagan sekolah, lan lomba paragan busana adat Jawa. Saiki sapa sing arep maju wakil kelas 12A iki?" "Dipta mawon Bu ingkang ndamel poster. Gambaranipun sae." "Piye Dipta? Awakmu gelem ta makili kelas iki kanggo gawe poster?" "Purun, Bu. Wonten temanipun, Bu?" "Temane kurang luwih babagan mangun karakter lumantar kabudayan Jawa adi luhung. Saka tema kasebut mesthi wae awakmu wis bisa oleh gambaran arep gawe poster sing kaya piye." : "Nggih, Bu." "Sing maju maca geguritan Tami wae ya amarga wis kerep melu lomba maca geguritan. Awakmu rak gelem, ta?" : "Nggih, Bu, kula purun. Temanipun nggih sami kalih kagem damel poster kalawau, Bu?" Bu Sulis "lya padha. Dadi mengko awakmu gawe geguritan sing magepokan karo tema. Banjur sing nembang macapat Bayu, ya? Awakmu rak wis prigel." "Nggih, Bu, tembang macapatipun bebas, Bu?" Bayu Bu Sulis: "Bebas sing penting awakmu milih salah siji saka 11 tembang macapat lan ana rong pada sing kotembangake. Lha iki sing arep gawe video klip sapa, Rek?" Basa Jawa Kelas XII-1 Lantip
Bayu "Lintang mawon, Bu sing asring damel konten wonten sostar moche elektronikipun nggih jangkep." Bu Sulis "Piye, Lintang? Awakmu gelem?" Lintang: "Nggih, Bu, purun, nanging kula nyuwun dikancani Diki lan nyuwun panyengkuyung kanca-kanca kelas kangge damel video punika." Bu Sulis: "Wis gak perlu samar, Diki wis genah gelem ngancani lan kanca kelas kabeh bakal nyengkuyung gawe video kuwi. Padha sarujuk, ta?" Siswa "Sarujuk, Bu." Bu Sulis: "Nah saiki sing maju makili kelas iki kanggo pamaragan busana adat Jawa yaiku Erwin lan Gita. Babagan iki dakjaluk aja dadi meri marang kanca liya jalaran Erwin lan Gita kuwi dedege babag lan wis tau maju lomba babagan sing padha. Sarujuk kabeh?" Siswa Bu Sulis "Nggih, Bu." "Marang siswa sing makili kelas kanggo maju lomba, yaiku Dipta, Tami, Bayu, Lintang, Erwin, lan Gita dicepakake kanthi temen. Kanca liya aja lali menehi panyengkuyung marang kanca sing lomba ya." Ing dhuwur minangka tuladha teks pacelathon. Saka wujud teks pacelathon kasebut bisa diowahi dadi wujud narasi utawa gancaran kaya mangkene. Tami ngandharake marang Sinta menawa bakal ana lomba antarkelas kanggo ngregengake ambal warsa sekolah, Sinta lan Dipta sing krungu banjur takon saka ngendi kabar kasebut dimangerteni. Ora let suwe Bu Sulis rawuh ing kelas banjur maringi pengumuman babagan lomba kanggo ngregengake acara pengetan ambal warsa sekolah. Dene sing dadi lombane yaiku lomba maca geguritan, nembang macapat, gawe poster, gawe video klip babagan sekolah, lan lomba paragan busana adat Jawa. Sing dadi tema sajroning lomba yaiku mangun karakter utama kanthi sarana kabudayan Jawa kang adi luhung. Saka kelas 12A sing makili kanggo maju lomba yaiku Dipta maju lomba gawe poster, Tami maju lomba maca geguritan, Bayu maju lomba nembang macapat, Lintang maju lomba gawe video klip kanthi direwangi Diki. Dene sing maju pamaragan busana adat Jawa yaiku Erwin lan Gita, C. Unggah-ungguh ing Pacelathon Sajroning paguneman marang wong liya becik kanthi nggatekake temen babagan unggah-ungguh basa. Jalaran unggah-ungguh basa iku ana gegayutane karo cak-cakan tetembungan sing digunakake. Upamane guneman karo kanca sing wis kulina lan akrab mesthi beda karo basa sing digunakake nalika kepethuk karo pawongan kang lagi bae ditemoni. Panganggone unggah-ungguh basa minangka wujud kanggo ngajeni lan ngurmati marang pawongan sing diajak guneman. Miturut unggah-ungguh utawa undha-usuke, basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama. Saben perangan basa kasebut uga kapantha maneh dadi loro, yaiku ragam lugu lan alus. Saben ragam basa iku panganggone beda-beda nut karo pawongan sing diajak guneman. Andharane kaya mangkene. 1. Ngoko Unggah-ungguh basa kang awujud basa ngoko kaperang dadi loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Andharane kaya mangkene. a. Ngoko lugu Ngoko lugu yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha-usuk basa Jawa. Ngoko lugu yaiku basa Jawa kang kedadeyan saka tembung-tembung ngoko kabeh tanpa kecampuran tembung krama apadene krama inggil. Panganggone ngoko lugu sapadha kanca sing wis rumaket, wong tuwa marang wong enom, pawongan kang ngunandika, lan tumrap bocah sing durung bisa guneman jangkep. Tuladha: Riska, nyapo awakmu gak mlebu rong dina? antip Basa Jawa Kelas XII-1 CS Dipindai dengan CamSca

回答

まだ回答がありません。

疑問は解決しましたか?